Contoh Teks Profil Tokoh Bahasa Jawa yang Bisa Memotivasi Siswa

Contoh Teks Profil Tokoh Bahasa Jawa yang Bisa Memotivasi Siswa

Terkini | inews | Selasa, 15 Oktober 2024 - 17:05
share

JAKARTA, iNews.id - Contoh teks profil tokoh Bahasa Jawa berikut bisa dijadikan sebagai referensi untuk peserta didik maupun siswa yang ingin menulis teks biografi. 

Sama seperti teks biografi, teks profil merupakan sebuah teks yang berisikan riwayat hidup seseorang yang ditulis atau diceritakan kembali oleh orang lain. Teks yang termasuk dalam bentuk karya sastra ini juga mengandung nilai kehidupan yang diteladani oleh pembaca. 

Selain Bahasa Indonesia, teks profil tokoh juga bisa menggunakan bahasa daerah, salah satunya Bahasa Jawa. Materi ini pun bisa ditemukan dengan mudah pada mata pelajaran muatan lokal di sekolah. 

Melansir berbagai sumber, Selasa (15/10/2024), berikut contoh teks profil tokoh Bahasa Jawa. 

Contoh Teks Profil Tokoh Bahasa Jawa 

1. Judul: Raden Ajeng Kartini

Raden Ajeng Kartini miyos 21 April 1879 ing Jepara. RA Kartini isih klebu golongan kang disegani utawa kaum bangsawan, jalaran putrane bupati Jepara.

Bupati kasebut kang asma Raden Mas Adipati Ario Sosrodiningrat lan ibune asma M.A Ngasirah. Kartini sekolah ana ing ELS (Europe Lagere School). 

Nanging, umur 12 taun Kartini kudu ninggalake pamulangan jalaran kudu dipingit. Kartini nelangsa banget. Mulane nglumpukake buku-buku pelajaran, buku pengetahuan umum.

Kartini uga nglumpukne surat kabar kanggo wacan nalika dina-dinane sepi. Amerga sregep maca, Kartini ngerti yen para wanita Eropa kuwi wes maju. 

Kartini nduweni panjalukan amrih wanita ing negara Indonesia uga isoh maju, pikirane maju lan wawasane jembar ora mung koyo kancane sing liyane. 

Kartini nulis layang kanggo kanca-kancane sing ana ing negara Walanda. Uga nulis surat kagem Mr.J.H Abendanon supaya diparingi beasiswa sekolah ing Walanda. 

Nanging, Kartini ora bisa klakon beasiswa amergi dinikahake karo Bupati Rembang kang selisih Raden Adipati Joyodiningrat. Ing Rembang, Raden Ajeng Kartini ngedekake sekolah wanita.

Sekolah wanita iki kang disengkuyung dening Raden Adipati Joyodiningrat. Tanggal 17 September 1904 Kartini seda ing yuswa 25 taun. 

Sasedane Kartini, Mr. J.H Abendanon nglumpukake surat-surat sing tau dikirimake RA Kartini marang kanca-kancane sing ana ing Eropa lan didadeake buku. 

Para wanita Indonesia wis padha maju, pendhihikane akeh sing dhuwur, pegaweane sing sejajar karo para priya. Kabeh mau ora liya amarga kena daya semangate Raden Ajeng Kartini.

2. Judul: Bung Tomo

Bung Tomo utawa Sutomo miyos 3 Oktober 1920 ing dhaerah kampung Blauran, Surabaya. Miyos saking rama kang paring asma Kartawan Tjiptowidjoyo. 

Rama saking Bung Tomo niki nyambut damel dadi abdi pegawai pemerentah. Bung Tomo yaiku pahlawan kang kondhang saking Surabaya. 

Amerga kabisane wayah mandegani (memimpin) masarakat Surabaya mungsuh panjajah Walanda lumantar bala tentara NICA. Paprangan kasebut kedadean 10 November 1945. 

Saking gedhene paprangan iki, tanggal 10 November 1945 dipengeti minangka dina Pahlawan. Bung Tomo yaiku pahlawan nasional Indonesia kang kondhang.

Amergi pandhapuke sajrone paparangan ing 10 November 1945. Bung Tomo kanthi kabisane pidhato bisa mbombong semangate masarakat urabaya. 

Nalika wayah revolusi fisik, Bung Tomo njabat dadi Ketua Umum Barisan Pemberontak Rakyat Indonesia (BPRI). Ing taun 1968, ngrampungake pasinaon ekonomi ing Universitas Indonesia. 

Nanging, banjur dicepeng dening rezim Soeharto kanthi tuduhan subversi. Nalika isih enom, Bung Tomo nate nyambut gawe dadi wartawan. Dadi wartawan kanggo ariwati lan kalawarti. 

Wiwit saka jurnalis harian kanggo harian Soeara Oemoem, harian berbahasa Jawa Ekspers, mingguan Pembela Rakyat lan majalah Poestaka Timoer. 

Bung Tomo nduweni sipat religius sing wis digulawenthahne ing kulawarga Bung Tomo awit isih cilik. Akeh amalan ibadah wajib ing jero syareat islam sing dilakoni Bung Tomo. 

Amalan ibadah wajib sajrone syareat islam kayata salat, pasa, ngaji lan zakat wis dadi pondasi kuwat ing panguripan sabendinane. 

Demikian ulasan mengenai contoh teks profil tokoh Bahasa Jawa. Semoga bermanfaat!

Topik Menarik